UntukRPP Bahasa Jawa Kelas 9 K13 Revisi 2019 tentunya sudah memuat beberapa perubahan yakni adanya Intergrasi PPK, Gerakan Literasi Sekolah, 4C (Communication, Collaboration, Critical Thinking, and Problem Solving, dan Creativity and Innovation) dan Higher Order of Thinking Skill (HOTS). berikut penjelasannya.
Sajrone tanggap wacana pidato, ana sawenehe perangan kang kudu digatekake lan kudu ana ing naskah pidato,yaiku 1. Salam PambukaSalam pambuka yaiku salam pakurmatan sing sepisanan marang para tamu utawa sing kepareng rawuh. Isine atur salam pakurmatan marang para rawuh, lan sapa aruh sapaan tumrap para PurwakaPurwaka yaiku atur pamuji syukur marang Gusti Allah, sarta atur panuwun marang para rawuh/tamu sing kepareng Isi utawa Surasa BasaIsi yaiku sakabehe bab sing diandharake marang para rawuh/ Dudutan kesimpulanDudutan kesimpulan yaiku ringkesan isi kang wigati utawa intine sing Pangarep-arepPangarep-arep yaiku pituduh lan pangajab sing diandharake marang para rawuh/tamu lan sing Wasana Basa penutup Wasana penutup yaiku atur panuwun sarta nyuwun pangapura Manawa ana kekurangan utawa kaluputan olehe ngandharake. MATERI 1. Pranatacara Saking tembung lingga tata lan cara. Dasanamanipun pranatacara inggih menika panatacara, panata adicara, paniti laksana, pambiwara lan MC. Syarat –syaratipun dados Pranatacara a Nggadhahi kekendelan lan sifat sengguh ora mingkuh. b Nggadhahi ketrampilan ing bab wicara. c Nguwaosi materi ingkang badhe katindakaken. d Nggadhahi prana ingkah ndudut manah. Kejawi menika pranatacara ugi kedah nggadhahi gegebengan kangge jangkepi jejeripun minangka Pranatacara lanthi lampah Malagawa tumindak kanthi trampil trengginas. Matanggap tanggap ing saliring swasana. Malaksana mrebawani Magatra Nggadhahi patrap ingkang prasaja. Mawasta Sengguh ora mingkuh wruhing rasa lan suba sita. Mardawa basa lebda ing bab basa. Mardawa Swara wasis ing pangolahing swara Sanguning Pranatacara 1. Olah swara a Logat ngangge dialek jawa jogja. b Pocapan kudu cetha, las – las,ora bindheng lan ora blero. c Wiramaana cekak dhawa, ngisor nduwur ora mung ajeg. d Wirasa nalika micara nglaras surasa. 2. Olah basa lan sastra pilihan tembung, purwakanthi, sekar, suluk, panyandra, paribasan, pepindhan, wangsalan lan sapanunggalane. 3. Olah raga pangolahing raga supaya solah bawa utawa tindak tanduke trep karo jiwa panatacara sing empan papan. 4. Olah busana busana kudu trep karo adat lan swasana. Urutan Reroncening acara 1. Salam Pambuka 2. Salam talim= salam pakurmatan 3. Ngaturaken Puji syukur 4. Reroncening acara 5. Panutupan 6. Salam Panutup 2. Tembang Campursari Lelagon campursari iku ora duwe aturan sing baku utawa gumathok, sing mesthi bisa gawe gumyak lan seneng sing ngrungokake lan bias kanggo ngelipur uga prasaja lan gampang diapalke. Sing ngiringi saka gamelan lan alat music modheren., loro – lorone ditabuh bebarengan kanthi laras lan kepenak dirungokake. Conto penyanyi campursari ingkang kondhang inggih menika Manthous, Didi kempot, sony joss lan sapanunggalane. Contonipun lagu campursari inggih menika Tanjung Mas Ninggal Janji, Sewu Kutho, Pacobaning urip, Alun- alun Nganjuk lan sapanunggalane. 3. Ngudaraos Ngudaraos atau ngudhar raos inggih menika ngudharaken rasa / uneg – uneg. 4. Tembang Macapat Tembang macapat ugi kasebat sekar alit utawi tembang cilik. Ingkang kasebat tembang cilik wonten 11 inggih menika 1. Mijil ateges metu, miyos utawi lair. Paugeranipun 6 gatra 10 i – 6o – 10e – 10i – 6i – 6u 2. Kinanthi saking lingganing tembung kanthi utawa tubtunlare ingkah taksih balita dipun tuntun/ dipunbimbing. Paugeranipun 6 gatra 8u – 8i – 8a – 8i – 8a – 8i 3. Sinomtegesipun nem – neman/ pemuda ingkang nedheng – nedhengipun ngudi kawruh. Paugeranipun 9 gatra 8a – 8i – 8a – 8i – 7i – 8u – 7a – 7i – 12a 4. Asmaradana Para mudha sasampunipun ndungkang diwasa lajeng kastuwuhan raos tresna dhateng tiyang sanes. Paugeranipun 7 gatra 8a – 8i – 8e/o – 8a – 7a – 8u – 8a 5. Gambuh Saking tembung jumbuh/sarujuk/cocog, ingkang tegesipun sampun sarujuk lajeng dipun gathukaken. Paugeranipun 5 gatra 7u – 10u – 12i – 8u – 8o 6. Dhandhanggula tegesipun tiyang ingkang sampun mangun gesang bebrayan nggadhahi idha – idhaman gesang ingkang sarwa sarwi endah. Paugeranipun 10 gatra 10i – 10a – 8e – 7u – 9i – 7a – 8u – 8a – 12i – 7a 7. Durma saking tembung darna/paweweh. Tiyang gesang sasampunipun kacekap kabetahanipun, lajeng wiwit mikir kabetahanipun sesaminipun. Paugeranipun 7 gatra 12a – 7i – 6a – 7a – 8i – 5a – 7i 8. Maskumambang Tiyang ingkang sampun ndungkap sepuh wonten raos mangu – mangu ing manahipun ngetang – etang kathahing tumindhak ingkang awon. Paugeranipun 4 gatra 12i – 6a – 8i – 8a 9. PangkurSaking tembung mungkur/ nyingkur. Nyingkiri hawa napsu Paugeranipun 7 gatra 8a – 11i – 8u – 7a – 12u – 8a – 8a -8i 10. Megatruh saking tembung megat/pisah lan ruh. pegatipun ruh lan raga Paugeranipun 5 gatra 12u – 8i – 8u – 8i – 8o 11. Pocung Sasampunipun tilar donya dipunbungkus mori pethak. Paugeranipun 4 gatra 12u – 6a – 8i – 12a Paugeran Macapat Guru Wilangan cacahing wanda / suku kata saben gatra. Guru lagu dhong – dhingin swanten ing pungkasaning gatra ing sekar. Guru gatra cacahing gatra saben sakpada. Pada inggih menika bait Laras nadha dasar nyekar saking jinis music diatonis. B. LATIHAN SOAL 1. Pranatacara kedhah nggadhahi patrap ingkang prasaja kasebat… A. Malagawa D. Magatra B. Mawasta E. Malaksana C. Mardawa basa 2. Ingkang dimaksud sengguh ora mingkuh inggih menika, kejawi… A. Tinanggenah D. Jejibahan B. Kajibah E. Mbyawarakaken C. Sesanggen 3. MC ing pelantikan / wisuda lan sapanunggalane kasebat… A. Panatacara D. Pranata Adicara B. Pranatacara E. Protokol C. Pambiwara 4. Gereng-gereng Gathotkaca sru anangis Sambaté mlas arsa Luhnya marawayan mili Gung tinamêng astanira Tembang ing nduwur kalebet tembang macapat… A. Sinom D. Pocung B. Gambuh E. Megatruh C. Maskumambang 5. Paugeranipun tembang macapat Gambuh inggih menika… A. 5 gatra 7u – 10u – 12i – 8u – 8o B. 6 gatra 8u – 8i – 8a – 8i – 8a – 8i C. 6 gatra 10i – 6o – 10e – 10i – 6i – 6u D. 5 gatra 12u – 8i – 8u – 8i – 8o E. 7 gatra 12a – 7i – 6a – 7a – 8i – 5a – 7i 6. Guru wilangan inggih menika… A. Cacahing wanda saben sak gatra. B. Cacahing gatra saben sak pada C. Cacahing gatra saben wanda D. Cacahing pada pada saben tembang E. Dhong – dhonging swanten 7. Bebasan Koyo Ngenteni Udan Ning Mongso Ketigo Najan Mung Sedelo Ora Dadi Ngopo Penting Iso Ngademke Ati Tuladha tembang campursari ing nduwur irah – irahanipun… A. Pacobaning urip D. Kangen kowe B. Layang Swara E. Ketaman asmara C. Tanjung Mas Ninggal Janji 8. Karepku jaluk di esemi… Lanjutanipun tembang campursari menika… A. Mengko gek keri ing jaman B. Tingkah lakumu kudu ngerti cara C. Mbok ya sing eling D. Pancene bener kandhamu E. Aja ditinggalake kapribaden ketimuran 9. Ing ngisor iki penyanyi campursari, kejawi… A. Manthous B. Didi Kempot C. Sunyahni D. Sonny Joss E. Aning Katamsi Kangge nomer 10-12. Prekawis ingkang dumados ing masyarakat bab “kenakalan remaja” mbokbilih langkung damel girising manah/kathah para anem ingkang keblusuk ing tumindak nisthamigunakaken narkoba, damel raja pati, ngrampog, ngrudapeksa, tawur ing mergi awit prakawis ingkang sepele lan tumindhak nistha sanesipun. Awit kawontenan kados mekatenwau, kathah ingkang ngupaya kanthi ngawontenaken seminar, lokakarya ngrembag bab “ kenakalan remaja”, supados sedaya paring kawigatosan. 10. Tuladhanipun “kenakalan remaja” inggih menika, kejawi… A. Sinau kanthi sregep. D. Ngrampog B. Ngrudapeksa E. Damel raja pati C. Tawur 11. Dasanamanipun nistha inggih menika… A. Becik D. awon B. Bombong E. Pawiyatan C. Rumaos menjila 12. Apa upaya kang saged dingge ngatasi “kenakalan remaja.. A. Damel raja pati B. Ngawontenaken seminar C. Tumindhak bombing D. Melu tumidhak nista E. Melu tawuran. KUNCI JAWABAN 7. C 2. E 8. B 3. B 9. E 4. C 5. A 11. D 6. A 12. B PRR SMP KLS IX/9 BAHASA JAWA SEMESTER 1 KUR 2013 A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya. 2. Menghargai dan menghayati perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli toleransi, gotong royong, santun, percaya diri, dalam berinteraksi secara efektif dengan lingkungan sosial dan alam dalam jangkauan pergaulan dan keberadaannya. 3. Memahami dan menerapkan pengetahuan faktual, konseptual, dan prosedural berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait dengan fenomena dan kejadian tampak mata. 4. Mengolah, menyaji, dan menalar dalam ranah konkret menggunakan, mengurai, merangkai, memodifikasi, dan membuat dan ranah abstrak menulis, membaca, menghitung, menggambar, dan mengarang sesuai dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut pandang/teori. B. Kompetensi Dasar dan Indikator Pencapaian Kompetensi ......... C. Deskripsi Materi Pembelajaran Pertemuan 1 Teks cerita wayang Ramayana lakon Anoman Duta. A. Materi Pembelajaran Wacanen nyaring kanthi lafal, intonasi, lan lagu sing jumbuh karo swasana lan wateke paragane ! ANOMAN DUTA Wancine wis parak esuk, ing wetan katon cahyane Sang Hyang Diwangkara abang sumirat ungup-ungup ing pucuking arga. Anoman puteg pikire awit durung ketemu kang den upadi. Nuli mulat ana wewangunan gedhong kang asrine ngleluwihi, miwah petamanan kang endahe kepati-pati. Anoman mlumpat ing wit nagasari, nalika nyawang mengisor, ing kono katon wanodya ayu kang sarirane kuru aking, ngalosot ing lemah. Gelungane lukar nora dirawati, gimbal campur kisma.. Lamat-lamat kapiyarsa pisambating karuna kang banget ngeres-eresi ati. Lah punika ingkang winastan Taman Argasoka. Ing kono dununge Sang Putri Mantili, ya Rekyan Sinta disingidake dening Prabu Dasamuka. Wus meh sawarsa Sang Dewi ditrungku aneng Taman Argasoka, tinengganan dening wanodya pulunane Dasamuka, putrane Gunawan Wibisana, kang sesilih Niken Trijatha. Rekyan Sinta sadina-dina tansah karuna ngangen-angen marang rawuhe Sri Ramawijaya, dene Trijatha tansah ngupaya nglelipur penggalihe Sang Dewi. “ Nini Trijatha, kaya ngene rasane nalangsane uripku, sewu papa sewu lara dadi sawiji. Aluwung tumekaning pati kalamun ora ketemu kalawan garwaku Pangeran Ramawijaya. Dhuh Nini, nalika ingsun dedunung aneng wana Dhandhaka kalawan Pangeran Ramawijaya, rasaning atiku kaya aneng swarga. Nanging ing samengko sanadyan dedunung aneng Taman Argasoka kang kaluwih-luwih endahe, rasane kaya ing pasiksan. Tujune ana sira Nini, kang tansah bisa nglelipur atiku kang rontang-ranting.” Saben-saben Dewi Sinta sesambat kawelas asih, Trijatha tansah nglelipur ngasih-asih, mbelani arawat waspa. Anoman isih singidan aneng pange nagasari kemulan rembuyunge gegodhongan. Atine melu keranta-ranta mulat cintrakane Putri Mantili lan Sri Ramawijaya kang wus sawetara pepisahan. Dumadakan ana kang prapta, Prabu Dasamuka manjing ing Taman Argasoka mbebujuk marang Rekyan Sinta, nyuwun lunturing sih. “ Dhuh mirah pepujaning ati Rekyan Sinta, apa gunane sadina-dina sira tansah sungkawa ngangen-angen marang si Rama, manungsa alasan tanpa guna, ing samubarang sarwa kuciwa. Delengen kawibawaningsun, raja sugih wibawa, kaloka ing donya, manungsa sajagad ora ana sing madha. Ayo Yayi, rewangana mukti wibawa, kabeh raja brana bandha donya Ngalengka darbenana, Yayi. Upama njaluka tumuruning widadari sakethi minangka abdinira, sayekti pun kakang bakal nyembadani. “ Mireng wuwuse Prabu Rahwana , Rekyan Sinta sumaur sugal, “ Heh Rahwana, ratuning buta gelah-gelahing bawana. Tanpa guna sira milut marang Sinta, aluwung tumekaning pati tinimbang nuruti kekarepanmu kang nistha. Sira nora prawira, nora wani adu arep kalawan Pangeran Rama, mung wani laku cidra andhustha marang ingsun. Endi tandhane sira ngaku prawira lan sekti mandraguna ? Kang ana amung wujud buta awatak jirih ingah-ingih wedi getih. Heh Dasamuka, aja ngimpi bisa nyaketi Rekyan Sinta. Menawa adreng sedyamu, sira daksupatani. Kalamun maju sejangkah sikilmu pokah bumine bengkah! Menawa kena koksenggol, busanaku bakal dak obong, kalamun kena kok gepok kulitku bakal dak beset, Rahwana !!!” Njola Prabu Dasamuka mireng wuwuse Dewi Sinta kang nglarakake ati. Rekatak, narik candrasa arep ditamakake marang Sinta. Sang Dewi nora wedi marang pangancame Rahwana, pedhes anggone muwus. “ Dasamuka mara tibakna senjatamu, dudu prajurit yen sira nora tegel merjaya Sinta. Sira nora pantes sinebut narendra, yen mentala ndedawa sungkawa lan papa cintraka. Jer ingsun nora sudi nuruti sedyamu kang banget nistha, mara age tamakna senjatamu marang dhadhaku heh Dasamuka!!!” Lingsem Prabu Dasamuka mireng ngendikane Rekyan Sinta, nuli mundur karo ninggal weling marang Trijatha supaya tansah ngrerimuk penggalihe Dewi Sinta amrih gelem kagarwa. Wanara Seta kang umpetan aneng rembuyunge pang nagasari wus nora tidha-tidha yen wanodya ayu kuru aking iku Rekyan Sinta kang den goleki. Mudhun saka pang mau Sang Anoman nuli ura-ura nyaritakake lelakone Sri Ramawijaya kang nandhang prihatin, wiwit pisah karo kang garwa ya Dewi Sinta, nganti saiki ketemu lan sabaya pati karo Prabu Sugriwa ratuning wanara. Rampung Anoman anggone kekidungan nyaritakake lelakone Sri Ramawijaya kang pisah lan ngupadi garwa kinasihe ndadekake erame Sang Dewi uga Trijatha lan para cethi. Lagi iki ngerti ana wanara wulune putih memplak, nyandhang kaya manungsa, kathik pinter ngidung suarane ngumandhang angenganyut kalbu. Dewi Sinta mireng tembange mau, temah mijil waspanira keranta-ranta ing galih emut marang Sang Ramawijaya. Anoman mudhun saka pang nagasari, laku dhodhok sila marikelu. Dewi Sinta andangu aris “ Mengko ta wanara seta, sira iku sapa? Solahira kaya manungsa, kathik bisa ngidung nyaritakake lalakone Pangeran Ramawijaya? “ “ Dhuh Sang Kusuma, kula pun Anoman dutanipun Sri Ramawijaya. Dening Sri Rama miwah Sang Kapindra Sugriwa kula kautus niti priksa kayuwanan Paduka wonten Ngalengka ngriki. Ing samangke garwa paduka Sang Ramawijaya miwah rayi paduka Sang Laksmana nyanggrah wonten ardi Maliyawan, rinatu dening bala wanara. Sedaya sampun samapta wonten Maliyawan, badhe nglurug dhateng Ngalengka, Gusti.” Dewi Sinta sajak cubriya, “ Mengko ta wanara seta, sira ngaku aran Anoman dutane Pangeran Ramawijaya. Kuwi tenan apa mung kongkonane Rahwana kang arep apus krama ? Awit nalika ingsun dicidra Rahwana, wektu semana angliwati samodra kang jembar kaya tanpa wates, tangeh ana titah kang bisa nyusul kejaba Peksiraja Garudha utawa angin. Pandugaku sira mesthi kongkonane Rahwana supaya apus krama marang ingsun. “ “ Dhuh Gusti kula Putri Mantili, kula pun Anoman putranipun Sang Hyang Bayu dewaning maruta, saestu dutaning Sri Ramawijaya. Menawi paduka kirang pitaya, dening Sri Rama kula mundhi agemanipun sesupe, minangka tandha bukti. Kula aturi nampi, Gusti. “ Rekyan Sinta nampani ali-ali kang diaturake Anoman. Kejot penggalihe, runtuh waspane, ora pangling iki kalpika agemane ingkang raka. Diagem ing jenthik manis katon logro, ngalih ing jejenthik isih tetep logro, awit saka banget kuru sarirane Sang Dewi. “ Heh Anoman, nyata sira duta kang sejati. Sakabehing aturira minangka panglipuring manahingsun. Kalpika wus ingsun tampa, iki aturna marang gustimu Pangeran Rama, cundhamanik kancing rikma agemaningsun, minangka tandha yen sira wus ketemu kalawan ingsun. Lan iki aturna nawalaningsun marang Pangeran Rama. “ Anoman nampani cundhamanik sarta nawala saka Dewi Sinta, nuli nyuwun pamit sarwi ngaras padane Sang Dewi. Sadurunge mundur saka ngarsane Sang Dewi, Anoman ninggal piweling. “ Dhuh Gusti Putri Manthili, mugi lejara ing galih, sampun tansah sungkawa. Boten dangu malih raka Paduka Sri Ramawijaya badhe rawuh ing Ngalengka ngirit bala wanara. Nagari Ngalengka badhe dados samodra getih, Rahwana kedah nyaur kadurjananipun, amargi sampun wantun damel kasangsaran tumprap Sri Rama lan ugi paduka. “ 2. Negesi Tembung kang Angel Ø Wanodya Wanita Ø Sang Hyang Dewangkara Srengenge Ø Duta Utusan Ø Kisma Lemah Ø Disingitake Didhelikake Ø Dununge Panggonane Ø Kasowanake Diadhepake Ø Penggalihe Atine Ø Rinantu Dienteni Ø Nawala Serat, layang Pertemuan 2 Teks cerita wayang Ramayana lakon Anoman Duta Pertemuan 3 Teks cerita wayang Ramayana lakon Anoman Duta. Pertemuan 4 Teks cerita wayang Ramayana lakon Anoman Duta D. Kegiatan Pembelajaran 1. Pertemuan Pertama a. Kegiatan Pendahuluan 10 menit 1 Guru memberi salam,` Peserta didik merespon salam dari guru 2 Guru menunjuk salah satu peserta didik memimpin doa, salah satu peserta didik memimpin doa 3 Guru memberi informasi tentang materi yang akan disampaikan, Peserta didik menerima informasi dari guru 4 Guru menyampaikan informasi tentang kompetensi dasar dan capaian pembelajaran materi hari ini, peserta didk menerima informasi yang disampaikan guru 5 Guru menampilkan dan memperkenalkan tokoh-tokoh wayang Ramayana, peserta didik memperhatikan b. Kegiatan Inti 60 menit .................. c. Kegiatan Penutup 10 menit 1 Guru bersama peserta didik menyimpulkan kegiatan pembelajaran pada hari ini 2 Bersama guru, peserta didik mengidentifikasi hambatan-hambatan yang dialami saat memahami cerita wayang. 3 Peserta didik menyimak informasi mengenai rencana tindak lanjut pembelajaran berikutnya 2. Pertemuan Kedua a. Kegiatan Pendahuluan 10 menit 1 Guru memberi salam, Peserta didik merespon salam dari guru 2 Guru menunjuk salah satu peserta didik memimpin doa, salah satu peserta didik memimpin doa 3 Guru memberi informasi tentang materi yang akan disampaikan, Peserta didik menerima informasi dari guru 4 Guru menyampaikan informasi tentang kompetensi dasar dan capaian pembelajaran materi hari ini, peserta didk menerima informasi yang disampaikan guru 5 Guru mengingatkan kembali materi sebelumnya b. Kegiatan Inti 60 menit .............................................. c. Kegiatan Penutup 10 menit 1 Guru bersama peserta didik menyimpulkan kegiatan pembelajaran pada hari ini 2 Bersama guru, peserta didik mengidentifikasi hambatan-hambatan yang dialami saat memahami cerita wayang. 3 Peserta didik menyimak informasi mengenai rencana tindak lanjut pembelajaran berikutnya 3. Pertemuan Ketiga a. Kegiatan Pendahuluan 10 menit 1 Guru memberi salam, Peserta didik merespon salam dari guru 2 Guru menunjuk salah satu peserta didik memimpin doa, salah satu peserta didik memimpin doa 3 Guru memberi informasi tentang materi yang akan disampaikan, Peserta didik menerima informasi dari guru 4 Guru menyampaikan informasi tentang kompetensi dasar dan capaian pembelajaran materi hari ini, peserta didk menerima informasi yang disampaikan guru 5 Guru mengingatkan kembali materi sebelumnya b. Kegiatan Inti 60 menit .......................... c. Kegiatan Penutup 10 menit 1 Guru bersama peserta didik menyimpulkan kegiatan pembelajaran pada hari ini 2 Bersama guru, peserta didik mengidentifikasi hambatan-hambatan yang dialami saat memahami cerita wayang. 3 Peserta didik menyimak informasi mengenai rencana tindak lanjut pembelajaran berikutnya 4. Pertemuan Keempat a. Kegiatan Pendahuluan 10 menit 1 Guru memberi salam, Peserta didik merespon salam dari guru 2 Guru menunjuk salah satu peserta didik memimpin doa, salah satu peserta didik memimpin doa 3 Guru memberi informasi tentang materi yang akan disampaikan, Peserta didik menerima informasi dari guru 4 Guru menyampaikan informasi tentang kompetensi dasar dan capaian pembelajaran materi hari ini, peserta didk menerima informasi yang disampaikan guru 5 Guru mengingatkan kembali materi sebelumnya b. Kegiatan Inti 60 menit ...................................... c. Kegiatan Penutup 10 menit 1 Guru bersama peserta didik menyimpulkan kegiatan pembelajaran pada hari ini 2 Bersama guru, peserta didik mengidentifikasi hambatan-hambatan yang dialami saat memahami cerita wayang. 3 Peserta didik menyimak informasi mengenai rencana tindak lanjut pembelajaran berikutnya E. Penilaian A. Penilaian 1. Teknik dan Bentuk Instrumen ............................ 2. Contoh Instrumen Penilaian a. Pengamatan Sikap Lembar Pengamatan Sikap .......................................... Rubrik penilaian sikap ........................................... B. Tes Tertulis Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki kanthi trep! 1 Adhedhasar wacan crita wayang Ramayana lakon Anoman Dhuta, sebutna paraga-paragane lan watake! 2 Anoman diutus Prabu Ramawijaya nggoleki sapa? 3 Apa buktine menawa Anoman iku utusane Prabu Ramawijaya? 4 Anoman diutus Prabu Ramawijaya menyang ngendi? 5 Sebutna piwulang becik apa wae sing bisa kokjupuk saka crita wayang Ramayana Anoman Dhuta! KUNCI JAWABAN ing crita Anoman Dhuta yaiku - Anoman watake sae, tanggung jawab - Dewi Shinta watake setya tuhu marang garwa, sabar - Trijatha watake sabar lan wicaksana - Dasamuka watake angkara murka - Wibisana watake wicaksana 2. Dewi Shinta 3. Buktine yaiku Ali ali kagungane Prabu Ramawijaya 4. Negara Alengka becik ing crita Anoman Dhuta yaiku - Menawa didhawuhi kudu ditindakake kanthi becik - Ora kena tumindak ala, Pedoman Penskoran Saben wangsulan kang bener diwenehi biji menawa bener kabeh bijine 10. C. Media/Alat dan Bahan Pembelajaran o Media Pembelajaran Gambar tokoh wayang Anoman, Sinta, Rama, Dasamuka, dsb. o Alat dan Bahan Pembelajaran Laptop, LCD D. Sumber Belajar o Majalah berbahasa Jawa o Buku teks yang relevan
RangkumanMateri Bahasa Inggris Kelas 10 Smk Semester 2. Kamu juga dapat menemukan materi semua mata pelajaran yang sedang kamu cari. Expression of showing. Soal Bahasa Jawa Kelas 11 Semester 1 Dan Kunci Jawaban - IlmuSosial.id. 12++ Contoh Soal Ujian Bahasa Inggris Kelas 10 - Kumpulan Contoh Soal
Kenapa Belajar Bahasa Jawa di Kelas 9? Hello Readers! Apa kabar? Pernahkah kalian berpikir untuk mempelajari bahasa Jawa di kelas 9? Tentu saja, banyak di antara kita yang mungkin merasa tidak tertarik untuk mempelajari bahasa daerah. Namun, belajar bahasa Jawa di kelas 9 sebenarnya sangat penting. Bahasa Jawa adalah bahasa daerah yang umum digunakan di Jawa Tengah dan Jawa Timur. Dengan mempelajari bahasa Jawa, kalian akan memahami lebih dalam tentang budaya lokal dan bisa membantu kalian berkomunikasi dengan masyarakat setempat. Manfaat Belajar Bahasa Jawa di Kelas 9 Selain memahami budaya lokal, belajar bahasa Jawa juga memiliki manfaat lainnya. Salah satu manfaatnya adalah dapat meningkatkan kemampuan berbahasa. Bahasa Jawa memiliki aturan tata bahasa yang cukup kompleks, sehingga mempelajarinya dapat membantu kalian untuk lebih memahami tata bahasa Indonesia dan meningkatkan kemampuan menulis dan itu, bahasa Jawa juga memiliki beragam kosakata yang unik dan tidak dapat ditemukan dalam bahasa Indonesia. Belajar bahasa Jawa akan memperkaya kosakata kalian dan membuat kalian lebih memahami makna kata-kata yang digunakan dalam kehidupan sehari-hari. Bagaimana Cara Belajar Bahasa Jawa di Kelas 9? Belajar bahasa Jawa di kelas 9 sebenarnya tidak sulit. Ada beberapa cara yang bisa kalian lakukan untuk mempelajari bahasa Jawa, seperti membaca buku-buku bahasa Jawa, menonton film atau video dalam bahasa Jawa, atau mengikuti kursus bahasa cara terbaik untuk belajar bahasa Jawa adalah dengan berbicara dengan orang-orang yang fasih berbahasa Jawa. Kalian bisa mencoba berbicara dengan teman atau keluarga yang berasal dari daerah Jawa, atau mencari komunitas bahasa Jawa di daerah kalian. Contoh Kalimat Bahasa Jawa untuk Kelas 9 Berikut adalah beberapa contoh kalimat dalam bahasa Jawa yang sering digunakan dalam kehidupan sehari-hari- Matur nuwun terima kasih- Suwun terima kasih- Apa kabar? piye kabare?- Saya lapar kula lapar- Saya haus kula haus- Selamat siang sugeng siang- Selamat pagi sugeng enjang- Selamat malam sugeng dalu Kesimpulan Belajar bahasa Jawa di kelas 9 memiliki banyak manfaat, seperti memahami budaya lokal, meningkatkan kemampuan berbahasa, dan memperkaya kosakata. Ada beberapa cara yang bisa kalian lakukan untuk mempelajari bahasa Jawa, seperti membaca buku-buku bahasa Jawa, menonton film atau video dalam bahasa Jawa, atau mengikuti kursus bahasa Jawa. Namun, cara terbaik untuk belajar bahasa Jawa adalah dengan berbicara dengan orang-orang yang fasih berbahasa Jawa. Selamat mencoba dan sampai jumpa kembali di artikel menarik lainnya.
Halloteman teman ini materi bahasa jawa kelas 11 semester ganjil silahkan didownload untuk referensi belajar. Mbabar wawasan bab teks lakon abasa jawa. Inilah rekomendasi tentang kunci jawaban buku paket bahasa jawa kelas 9 kurikulum 2013 wulangan 2 rpp bahasa jawa materi novel kurikulum 2013 marsudi basa lan sastra jawa jl 1 kelas vii Laporan kegiatan yaiku laporan kang disusun sawise kegiatan wis rampung dileksanakake. Laporan kegiatan bisa disusun dhewe-dhewe utawa klompok manut kabutuhan. Tujuwan panulisan laporan kegiatan minangka bukti yen kegiatan wis temen-temen ditindakake. Kajaba kuwi uga kanggo pertanggungjawaban marang pawongan utawa lembaga sing menehi tugas kegiatan. Panulise laporan kegiatan kudu runtut, gampang dimangerteni sapa wae. STRUKTUR TEKS LAPORAN KEGIATAN Struktur teks laporan kegiatan kedadean saka Pambuka yaiku minangka perangan teks sing nerangake lelandhesan latar belakang lan tujuwan nindakake kegiatan. Yen ana lelandhesan aturan sing dienggo, lelandhesan kasebut kudu yaiku perangan teks mujudake wosing yaiku perangan panutupe teks mujudake simpulan laporan. Ing perangan panutup bisa ditambahi panyaruwe utawa saran tumrap lumakune kegiatan, ing pangangkah kegiatan sing ditindakake ing wektu candhake lumaku luwih becik. UNSUR BASA TEKS LAPORAN KEGIATAN Unsur basa sing bisa dirembug sajrone sinau teks laporan kegiatan iki arupa jinise ukara. Coba ayo semaken pirembugane iki. Ukara Carita Ukara carita yaiku ukara sing diandharake kanggo nuduhake kahanane sawijine perkara utawa barang tartamtu. Tuladha SMP Tunas Bhakti saben taun duwe acara rutin kanggo para siswa, yaiku karya kondhang minangka jujugan wisata tumrap wisatawan dhomestik lan wisatawan manca negara. Ukara Sambawa Ukara sambawa yaiku ukara sing nduweni tujuwan pangarep-arep, paungapama, lan senajan. Tuladha Panasa ta klambiku ben ndang ya pariku ben urip. Ukara Lamba Ukara lamba yaiku ukara sing kedadean saka sagatra klausa. Ukarane mung dumadi saka jejer lan wasesa sarta bisa ditambah lesan lan katrangan. Tuladha Para siswa kelas 9 nulis laporan kegiatan. Ukara Camboran Ukara camboran kaperang dadi loro, yaiku ukara camboran sajajar lan ukara camboran sungsun. Ukara camboran sajajar yaiku ukara kang kedadean saka rong gatra utawa luwih. Gatra-gatra kasebut digabung utawa digandheng dadi siji nganggo tembung panggandheng. Gatra kang ana ing ukara camboran sajajar wujud gatra inti kabeh. Tembung panggandheng, tuladhane lan, karo, nanging, dene, lan sapanunggalane. Tuladha Bani mangan bakso lan Doni mangan soto. Sumantri awake kuru, nanging gunawan awake lemu. Ukara camboran susun yaiku ukara kang kedadean saka rong gatra utawa luwih. Salah sijine gatra minangka gatra inti uga diarani ukara baku induk kalimat, gatra sijine minangka gatra pang cabang kang uga diarani ukara tambahan anak kalimat. Tuladha Rina ora melu dolan menyang omahe Gina jalaran dheweke Dwiki mulih sekolah simbahe lagi sare ing kamar. TATA CARA NULIS TEKS LAPORAN KEGIATAN Nulis teks laporan kegiatan kudu katindakake adhedhasar asil sawise nindakake kegiatan. Ana bab-bab sing kudu digatekake sajrone nulis teks laporan kegiatan, yaiku Teks laporan kegiatan ditulis sawise nindakake kegiatan. Gatekna struktur teks lan unsur basane, supaya sajroning nulis nduweni paugeran. Olehe nulis ora kena nyimpang saka dhata sing wis direkam utawa ditulis nalika nindakake kegiatan. Tulisen teks laporan kegiatan kanthi runtut miturut cengkorongan sing wis dirantam. PEPELING Unsur 5W lan 1H ing teks laporan kegiatan What tegese apa yaiku tembung apa gunane kanggo nakokake tegese sapa yaiku tembung sapa gunane kanggo nakokake tegese geneya yaiku tembung geneya, kadhang uga dianggo tembung kena apa, nyangapa gunane kanggo nakokake tegese kapan yaiku tembung kapan gunane kanggo nakokake wayah utawa tegese ing endi yaiku tembung ing endi gunane kanggo nakokake papan tegese kepriye yaiku tembung kepriye gunane kanggo nakokake cara. MACA TEKS LAPORAN KEGIATANMaca seru yaiku maca kanthi swara lan migatekake pakecapan, andhegan, lan lafal yaiku macane teks laporan kegiatan kudu cetha manut karo tata panulisane, mligine tumrap jeda yaiku macane teks laporan kegiatan kudu manut karo tandha pawacan ing tata intonasi yaiku macane teks laporan kegiatan kudu cetha upamane ora kena kalonen utawa kecepeten. Sugeng angudi ngelmu! qPYNb. 453 407 194 221 27 129 340 48 163